Mahargya warsa Macapat
Rifme= Dhandhanggula
1. Tanggal siji wulan Januari
Sri sumunar mbabar jagad anyar
Guwebyar tinon prabane
Riris raras tumurun
Weh segering ibu Pertiwi
Tawang http://yuwanaq.blogspot.com padahan kawangwang
Hanawung kekuwung
Sekar-sekar anjrah mekar
Karenan tyas Si Kombang angaras sari
Sarkaraning puspita
2. Prbaning rat sumirat amanis
Niskalaning bawana mradipta
Kasrang sunaring srengenge
Sumrawang sumarawung
Hanganguwung wimbaning rawi http://yuwanaq.blogspot.com
Tan ketawengan menga
Gegana sumunu
Sumunar semune kadya
Ngayubagya wahyaning kebagyan yekti bebaring WARSA ENGGAL
3. Warsa kalih ewu wus lumaris
Sarwi nilar tis-tising carita
Caritaning tyas wirage
Marengi wiyosipun
Warsa http://yuwanaq.blogspot.com pangarsa-arsa
Tumrap dasih sagung
Denira nawung cintraka
Mugya gumiliring warsa mahanani
Gumantining kahanan.
4. Kahaning warsa kang kawuri
Pan kalimut limut lelimengan
Nganti surem swasanane
Para kang hambeg diyu
Sesanira sih http://yuwanaq.blogspot.com masesani
Tan gampang sirna gempang
Maksih perlu wektu
Wektu tumibaning karma
Karma palah cihna adiling Hyang Widhi
Tetep kudu kadadyan
5. Den waspada sarta ngati-ati
Titenana puput warsa lama ginatyan warsa anyare
Purna taun rongewu
Ganti taun http://yuwanaq.blogspot.com rongewu piro
Wolak waliking jaman
Pan wus mungup-mungup
Akeh tandha-tandhanira
Lamun bakal anemahi jaman adil
Masesani bawana.
6. Hangadili saliring pakarti
Datan mawas marang soring drajat
Miwah lehuring pangkate
Kang nandur kudu ngunduh
Datan bisa http://yuwanaq.blogspot.com selak sumingkir
Kang gawe kudu nyandang
Datan kena lumuh
Ngemohi bageyanira
Nadyan silih ndelik neng ngisoring bumi
Tan wurung kinawruhan.
7. Kinawruhan dening kang ngupadi
Yeku NetraNE Kang Maha Wikan
Kanthi netra pangawasaNe
Ning maksih ana wektu
Tumrap kita ndandani dhiri
Nilar karti tan harja
Mulih mulanipun http://yuwanaq.blogspot.com
Marang pakarti utama
Hamemamyu rahayuning bawana di yuwana dumadya
8. Warsa enggal dadi srana yekti
Noleh wuri sarta mulat slira
Hamawas dhiri werdine
Yekti bakal kadulu
Tilas tapak ala lan becik
Becike dandan-dandan
Andandanii laku
Laku kang kurang prayoga
Prayogane tinata murih patitis
Linaras mrih utama
9. Bawang tebih watak pikolih
Bali mulih mring watak utama
Tumenen lelabuhane
Nglabuhken darma luhur
Ngluhuaraken drajating nagri
Wani rame ing karya
Sepi pamrih tuhu
Nuhoni wosing wasita
Warsa Anyar anganyarataken pakarti
Murwani keh pakaryan
10. Paripurna aturing panggurit
Geguritan kang sinawung tembang
Mung kinarya sarane
Urun-urun panemu
Murih dadi donga basuki
Basukining mbeg tama
Budaya ngenguwung
Kekuwungin Nuswantara
Sri mradipta lir retna kencana rukmi wijaya jayeng baya
http://yuwanaq.blogspot.com/
http://kumpulan17.wordpress.com/
